Rabu, 26 Mei 2010

Mbangun Singasari

Ing kawula dinten, wonten Kerajaan Tumampel ingkang di perintah marang Tunggul Ametung lan garwa nipun Ken Dedes. Ing sebuah desa, wonten pemuda ingkang kapundut nami Ken Arok. Ken Arok kagungan garwa ingkang nami nipun Ken Umang.

Sawektu dinten, Lohgawe nembe mangsuli marang Arok yen Arok lan rencang – rencange mboten pareng dugal malih ing desa. Amargi namung saged nggawe karusuhan marang masyarakat sekitar ipun. Arok lan rencang-rencangipun banjur dados murid ipun Lohgawe. Arok kagungan kabiasaan ingkang nyebut Lohgawe niku kangge sebutan Bopo.
Ing liya dinten, Bopo dhawuh marang Arok. Lan salah sawijining utusanipun Kanjeng Tunggu Ametung dhawuh marang Bopo yen Kanjeng lan garwanipun badhe sowan. Arok kasengsem kalihan Ken Dedes ingkang garwanipun Kanjeng Tunggul Ametung. Amargi Ken Dedes ayu, gadhah pitutur ingkang sae, lan Ken Dedes kui garwane Kanjeng. Yen Arok saged mempersunting Ken Dedes, awake bakal dados Raja lan gantiake Kanjeng. Nanging niku yen Kanjeng sedo.

Arok banjur murugi Empu kangge mendhet keris ingkang dipunpesen marang Ken Arok. Nanging, keris niku dereng saged dipunpendhet amargi dereng dados lan dereng dhipun asah. Arok ngeyel. Piyambake nyobi keris wau lan dhipuntusukaken marang Empu Gandring.

Banjur keris niku dhipun ampilaken marang Kebo Ijo. Lan ing liya dinten, Kebo ijo murugi Kanjeng Tunggul Ametung kangge mejahing marang Kanjeng. Kanjeng sedo. Pengawal lan putrid-putri kerajaan dhipun timbali sedaya. Lan sawijining prajurit ngendhika marang Arok yen niku keris kagunganipun kebo ijo. Banjur pengawal dhipun utus murugi kebo ijo kangge dhipun datengake ing kerajaan. Lan kebo ijo dhibales napa ingkang piyambakipun lakonke.

Saking kedadean niku, saged kapundhut nami ingkang “Mbangun Singasari”.

Minggu, 09 Agustus 2009

Tugazz bhz. jawa

1. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane.

 Mbah kakung kagungan rencang ingkang asmanipun mas aryo. Mbah kakung mbakar sawah ingkang kagungane mas Aryo amarga Mbah Kakung kagungan masalah kalihan mas Aryo. Mas Aryo mboten trima. Lajeng, mas Aryo nuntut Mbah Kakung ing pengadilan. Mbah Kakung sumerep yen Mbah Kakung bakal enthuk balesan ing pengadilan. Amarga iku, mbah kakung kesah menyang Jakarta.

2. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang.

 Rara ngampil pensile Riri. Amarga Rara seneng karo pensile Riri, sawektu Riri njaluk pensile mbalik, Rara njawab nek pensile wis dibalekake. Padahal pensile Riri isih di gawa karo Rara. Rara njupuk pensile Riri. Tapi, Rara ora ngaku malah ethok – ethok melu nggoleki.

3. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe

 Telung dhina sawise ulangan ing kelase alwi, kertas ulangan banjur di bagi. Kertas ulangane alwi dhurung di wenehi jenenge. Sawektu ulangan dibagi, mung alwi sing dhurung enthuk biji. Ono kertas ulangan sing ora ono jenenge tapi bijine elek. Sabenere iku dhuweke alwi. Padahal wis kethok nek iku tulisane alwi. Tapi dheweke isin karo kanca-kancane amarga bijine elek. Dadi, dheweke ora gelem ngakoni nek iku dhuweke.

4. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida

 Dinthen minggu sore, ibu dhateng meyang pengundian simpedes. Ibu pikanthuk nomer HSM000539788. Sawektu nomere nomer ipun di umumaken, nomer ipun ingkang di umumaken cocok kalihan nomeripun ibu. Ibu langsung minggah ing panggung. Namung, sawisw npun Ibu ing panggung, tiang ingkang ngumumaken undian wau nyuwun pangapunten kalihan Ibu amargi salah nyebutaken nomer. Ibu isin lan banjur ngandhap saking panggung.

5. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane

 Dhina iki, pak Guru ngaturaken tugas kelompok. Kelompok ku yakuwi Dadang, Tria, lan Memet. Tugase angil banget. Ing dhina minggu esuk, aku lan sing liane pada kerja kelompok. Sadurunge iku, kebeh rembugan dhisik, lan pada setuju. Nanging, saben wayahe kerja kelompok, Dadang ora prenah melu. Alesane ono-ono wae. Barang tugase uis kudhu ditumpuk, Dadang malah njaluk namane ditulis ing lembar tugas sing aku lan kancaku garap mau. Nanging, aku lan kanca-kancaku ora gelem. Akhire, Dadang malah nulis jenenge dhewe ing lembar tugas mau nanging ora ono wong sing ngerti.

6. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan

 Pak Santo mboten kagungan arta kangge nyekolahaken putra nipun ing kuliah. Pak Santo lan putra nipun kerja keras padhos arta. Nanging, sawektu putranipun Pak Santo wonten lampu bangjo, piyambak ketemu kalihan bapak-bapak ingkang gadah yayasan kangge kuliah lan dipun tangleti. Mboten di dugi, bapak-bapak niku wau nawaraken kuliah gratis kangge putranipun Pak Santo amargi putranipun Pak Santo pinter lan prenah pikantuk beasiswa.

7. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)

 Sawektu surya isih enom, awake ora niat sekolah. Kagemarane ngluyur wae lan sering mbolos sekolah. Bareng uis gedhe, awake dadi wong sing ganteng lan gedhe dhuwur. Nanging, ora duwe panggawean lan ora bisa nyukupi kebutuhan keluargane. 

8. Mbarung inang = nyela-nyela wong guneman

 Saben ana wong kang ngomong karo Arif, dheweke mesti nyela sadurunge wong sing ngajak guneman iku bar guneman karo awake.

9. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

 Si Mbah kuwi piyayine pinter ing samubarang kawruh. Emane Panjenengane durung pirsa carane ngakses internet. Mangka putune sing asmane Alwi kuwi dadi operator ana ing sawijing warnet ing Plangitan. Nanging Si Mbah ora isin mundhut pirsa marang putune kepriye carane donwload, chating, ngeblog lsp. Bab kawruh internet.

10. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale

 Tanggaku wingi bali saka Arab Saudi dadi TKI, mangka olehe tindak kuwi udakara wis ana 24 taun. Yen digagas bener ngendikane piyaye sepuh kuwi. Sak adoh-adohe wong lelungan mesthi bakal bali nyang kampunge.

11. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi

 Bocah kok ceguk aten ngono. Wong olehe nggarap Matematika durung rampung, bareng diisin-isin kancane kok ora dirampungake. Malah wadul marang wong tuwane yen deweke lagi dikrubut kanca-kancane. Gaweyan durung ditandangi kok wis ditinggalake.

12. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan

 Bocah kok ngisin-ngisini ngono. Apa ora takon-takon karo kancane yen pranatan (aturan) ing SMP 3 Pati kuwi yen lagi pelajaran ora pareng dolanan game apamaneh on line nganggo internet. Ati-ati lho bisa-bisa laktop-mu bisa disuwun petugas BK lho.

13. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata

 Kowe kuwi bisa apa ora nggarap soal-soal kuwi. Jare wingi kowe ngomong yen bisa. Wah bener kowe kuwi akeh ngomong nanging ora ana kasunyatane.

14. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)

 Ratri lan Inu kuwi sapasang kanca sing akrab banget. Awake tukaran nganthi 2 minggu. Masalahe, Inu kuwi difitnah Ratri. Ratri ngomong ning kanca-kancane nek ibune Inu kuwi kerjane dadi wong wadon sing gak bener. Akhire, Inu pada digething karo kanca-kancane sing liya. Inu wis kadhung gething karo Ratri. Ratri njaluk pangapura marang Inu nganthi ngandalake segala cara. Nanging, Inu tetep ora gelem nrima pangapurane Ratri.

15. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.

 Alwi seneng karo kanca sakelase sing asmane Lyan. Alwi kepingin terus terang karo Lyan. Nanging, deweke ora wani. Alwi golek wektu sing pas kanggo ngutarakake perasaane kuwi.

16. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugi.

 Abdul kuwi putrane pak bupati. Bapake kaya banget. Prehiasane lan duwite akeh. Nanging, pak Bupati lan sakeluargane ora sombong lan apikan marang wong liya. 

17. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa

 Pak Mardhi kagungan estri kalih. Estri ingkang pertama, umur ipun luwih enom saking pak Mardhi. Nanging, estri nipun pak Wardhi ingkang kaping kalih niku malah luwih tuwa saking piyambake. 

18. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang

 Awake Ririn nganthi panas amarga mikirke hasil tes ujian unggah-unggahing kelas.

19. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab

 Sawise, bojone pak mansyur sedho, piyambak dadi wong kang kesét kerja lan gampang putus asa. Kagemaranipun ngampil arta ing bank lan kanca-kancanipun. Sawektu jatuh tempo Pak Mansyur uga kudhu nglunasi utange kuwi. Nanging, pak Mansyur ora bisa mbayar. Amarga kuwi, griya nipun disitha kalihan bank. Piyambake lan putra tunggalipun dadhos gelandangan ing lampu bangjo. 

20. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara.

 Pakde ku kapilih dadi anggota dewan ing kota metropolitan. Saking banget senenge, deweke dadi kahasut marang pangkate dewe. Piyambake korupsi arta negara kangge tumbas griya lan kabutuhan sandhangipun.